Widget by Blogger Buster

30 Jul 2011

18 Juli 2011


Nalika mripat-mripat luwih ciyut tinimbang isi semangka, “si mbah” isih wae maringi pitutur sing kaawalan saka kitab tafsir, nanging sayange kancaku kabeh katon padha ngantuk, salah siji sebabe amerga si mbah yen mulang rada nggremeng, sawise pirang-pirang menit, eh lha dalah si mbah malah melu ngantuk. Nanging bedhane ngantuke si mbah namung mripate dene suarane isih ngendika soal bojo lan masalah siksa kuburan.
Jujur wae, aku dhina iki yo rada lemes, lantaran awakku rada panas, sirah ngelu, irung yo mampet perkara umbel, hasile awak dadi klimprak-klimpruk tur ngantuk ning jero kelas.
Wis rada suwe aku gak nulis, eh nulis-nulis malah nganggo bahasa jawa, batinku “kok kadingaren”. Nek ngene iki, aku dadi kelingan Pak Dadija sing tau mulang aku biyen, alhamdulillah pandom jam wis pinuju ing jan setengah siji, limang menit maneh berarti wis arep mulih. Siap-siap dhisik mengko nek tekan pondok, arep istirahant dhisik sadurunge ngaji. . . . . . . . .

0 comments:

Post a Comment

Powered By Blogger

Share

Twitter Delicious Facebook Digg Stumbleupon Favorites More